A APRESIASI WAYANG WAYANG KANG ING WULANGAN IKI BAKAL

114 PRIN 9397 105106 BAB I PENDAHULUAN A APRESIASI
A APRESIASI WAYANG WAYANG KANG ING WULANGAN IKI BAKAL





A

  1. APRESIASI WAYANG


Wayang kang ing wulangan iki bakal kita apresiasi , yaiku sawijine tokoh wayang kang aran Permadi . Tokoh wayang kang kuwentar bagus rupane , luhur budine , lan pinter oleh gegaman .


PERMADI / ARJUNA

A APRESIASI WAYANG WAYANG KANG ING WULANGAN IKI BAKAL


Raden Permadi ya Sang Arjuna iku satriya panengahing Pandhawa . Kapernah adhine Sang Werkurdara . Sang Arjuna iku uga putrane Prabu Phandudewanata patutan karo Dewi Kunthi . Pasuryane ( rupane , citrane ) Sang Arjuna iki sing paling ngemba Prabu Pandhu . Ruruh susila lan trapsila bawane Sang Arjuna , tansah karem marsudi rehing tata karma , lan kapara seneng ulah tapa kaya para leluhure ( awit kalebu dharah saptaharga ) .

Mula dadi panjang kekidung , Arjuna iku yen wanita gondhangake marang kebagusane . Yen priya ngondhangake marang kasektene lan kadigdayane Sang Arjuna . Arjuna kerep dadi jagoning dewa , kaya ing lakon : CIPTANING utawa lakon MINTARAGA ( ARJUNAWIWAHA ) . Raden Arjuna kang mertapa kanthi peparab Begawang Ciptaning , sinaraya dewa kinen munah satru sekti rajadenawa ing praja Hima-Himantaka kang kepingin ngayunake Dewi Supraba , mangka dewa tan ngeparengake , Prabu Niwatakawaca jejulukira Sang Danawaraja banjur ngrasabasa kahyangan Suralaya . Wusana Sang Prabu Niwatakawacasirna dening Raden Harjuna , lan sabanjure Sang Arjuna kawiwaha jumeneng nata ing Selakandhawarubinganun ya ing Karangkawidadaren , jejuluk Prabu Kriti . Prabu Kriti ya Sang Kairiti lan wenang anggarawa widadari sakethi kurang siji . Garwane Raden Arjuna akeh banget . Saliyane garwa widadari sakethi kurang siji mau , anatara liya : Dewi Wara Sembadra ( putra-putrine Prabu Basudewa nata ing Mandura ) lan Dewi Wara Srikandi ( putra-putrine Prabu Drupada nata Pancalaradya ) .

Putra Raden Arjuna kang kerep kocap ing padhalangan antara liya : Raden Abimanyu , Raden Irawan , Bambang Wisanggeni ( patutan klawan widada kahyangan Ngargadahana asma Dewi Dresana ) .

Kacarita Hyang Wisnu iku bineleh panitise , separo marang Sri Kresna dene saperangan maneh marang Sang Arjuna . Mula ana ing janturan wayang kulit iku disebutake : Umpama suruh lumah lawan kurebe , dinulu seje rupane lamun 1 ginigit tunggal rasane , upama geni klawan urube , genine Kresna , urube kadya Arjuna , upama kadya Arjuna , upama kembang lan sarine , kembange Narayane ( Kresna ) sarine Sang Arjuna . Kaya ngono anggone ngibaratake antarane Sri Kresna lan Arjuna kang minangka titising Sang Hyang Wisnu .

Kaya saben lakon WAHYU , Pandhawa kang nampa wahyu mesthi Arjuna Brayaning Pandhawa liyane kaya-kaya arang banget ( kayata : Abimanyu , Gathotkaca , Werkudara ) , beda karo Arjuna , meh saben lakon wahyu ( kayata wahyu MAKUTHARAMA ) mesthi Arjuna sing nampa wahyu .

Sang Arjuna nadyan ora jumeneng nata , nanging krana nampa wahyu ( kayata wahyu MAKUTHAMARA ) tembe bakal nurunake ratu-ratu ing tanah Jawa . Arjuna peputra Abimanyu ( ora dadi ratu ) kacarita gugur ing Bharatayuda ing lake RANJABAN , nanging Sang Abimanyu peputra Parikesit ( sang paripurna ) patut kalawan putri Wiratha asma Dewi Utari . Ing lakon pedhalangan , Abimanyu uga nampa wahyu ‘’KANARENDRAN’’ kang bakal nurunake wahyu Cakraningrat , Wahyu kembar , lan sapanunggalane . Bokmenawa dhalang bisa nganggit lakon wahyu kang wose kanarendran kang nampa Abimanyu , lakon pirang-pirang wose padha Raden Arjuna kagungan senjata jemparing aran Sarotama lan Ardhadheda uga keris kanga ran Kyai Pulanggeni , ampuhe kagila-gila , dumadi saka siyung Sang Baratha Kala .

Kaya kang kacetha ing gambar iku wujude Raden Arjuna nalika isih taruna ( nom ) karan Raden Permadi . Yen Arjuna tuwa (mengku kastriyan Madukara kagungan garwa putra ) , wandene wayang beda , yaiku bedhahan ( praupane ) ireng kuning , ora nganggo kalung kaya Permadi ( ing kene ora bisa katur kanthi peprincen ) . Sengaja penulis ngaturake Raden Arjuna kan isih ENOM , awit para sutresna wayang arang banget ngerti PERMADI , nanging yen Arjuna kaya wus apal .

Padha-padha putra Sang Pandhu kang kasebut Pundhawa , Raden Arjuna kang kerep sowan menyang Resi Wiyasa , Sang Abiyasa ing pertapan Saptagraha . Adate didherekake dening parepat punakawan catur , yaiku Kyai Semar , Nala Gareng , Petruk lan Bagong . Mula punakawan iku katelah PUNAKAWAN MADUKARA , sebab kerep banget ndherekake Sang Arjunanya satriya Madukara iku .

Kasektene Sang Arjuna liyane yaiku : bisa ngambah jumantara , mabur ing gegana kang rikate kaya cumloroting thathit . Uga darbe aji panglimun kang kuwasane bisa ngilang , lan kinaweruhan dening liyane . Raden Arjuna sawijining satriya kang karem ulah budaya , iki kabukten nalike laokne Pandha singidan ana oraja Wiratha , Sang Arjuna dadi wandu mulang beksa ing kaputren Wirathakanthi sesinglon Kedhi Wirahatnala . Pandhawa kadenangan lan mbabar anggone singidan sawise lakon WIRATHAPARWA , Sang Arjuna hasil ngobrak-abrik mungsuh kang bakal ngrabasa Wiratha . Bebarengan lawan Sri Kresna , Sang Arjuna magut yuda ing palagan Baratayudha , wusana Pandhawa unggul .





Tags: wayang wayang, sutresna wayang, wayang, wulangan, apresiasi, bakal